Patung Nangis

Patung Dèwi Saraswati ingkang kados nangis ing Bali

Patung Nangis minangka fénomena utawi kaanan bab patung nétésaken cuwèran kados banyu luh utawi getih wonten ing pérangan mripatipun. Kedadosan punika kacathet ing sapérangan papan ing donya ingkang boten kaétang cacahipun. Cairan punika limrahipun boten gadhah ganda nanging kadang kala gandanipun wangi ingkang kenthel sanget. Wonten ing sajarah Kristiani, kejawi patung ingkang saged nétésaken cuwèran, ugi asring kadadosa fénomena gaib ing badan jemaat. Lan fénomena ingkang katingal sami kaliyan kaanan ingkang dipunalami déning umat Kristiani nalika ngalami siksaan. Kados déné tanpa sebab ingkang jelas milikaken kathah getih seger ing tlapak tangan utawi sirah, utawi ing sepasang mripat. Malahan fénomena punika sampun wonten istilah mliginipun, inggih punika stigma ingkang asalipun saking basa Yunani ingkang tegesipun "tandha-nipun tato". Donya ngèlmu kawruh ugi boten saged ngandharaken prastawa punika.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search